Siki nyong arep ngaweh ngerti maring kowe pada ya.. Kiye tulung pada di rungokna.. Tulung..tulung..tulung ... *malah suarane kaya lagi ana maling*. Dadi nyong arep njelasna karo rika pada sing arane Rambu Rambu Lalu Ngapak (maksude Lintas jane) tapi Nini Lintas lagi matun kae neng sawah. Jorna bae lah.. Aja di gawa-gawa.
Nah
tanda kiya artine Ora Olih Dodolan Es. Siki kiye lagi musim udan, ya
ora olih dodolan es. Mengko mbok pada pilek. Umbelen mengko rika pada.
Dlangap-dlongop umbele kaya clurut metu sekang leng.
Nek
kiye artine Aja Menceng-Menceng. Ya nek urip kuwe ya sing lempeng bae
(contone kuwe nek wis sunat "kae"ne kan lempeng. #lho). Dadi nek nggawa
motor kuwe sing lempeng bae pokoke, neng ngarep ana jurang ya terus
lempeng bae.
Kiye
artine aja wani-wani. Anu wong galak. Wani nyalip gelem di keplak si
ndase. Mlenong mengko rika. Dadi nek rika neng mburi ya ora usah
nyalip-nyalip. Nek sing neng ngarep lagi mandheg ya rika kudu melu
mandheg. (kapan gutuleeee).
Kiye
artine anu uwis sesek. Wis ora medheng. Ya wis ora bisa mlebu. Anu
njerone isine runtah ndean, apa anu kandang macan deneng ora olih mlebu.
Dadi ora nana istilah Salome. *apa hubungane njajal*
Siki nyong takon, rika lagi ngapa kuwe?? lagi ora nana pegawean apa?? lagi macani apa sih?? Sing sekolah mbok ya sinau, sing kuliah ya mbok nggarap tugas.. Malah lagi ngapa sih rika pada, maca tulisane nyong sing ora nggenah. RIKA NJALUK DI PENTHUNG APA!!!
Kuwe mau Rambu Rambu Lalu Ngapak. Wis mudeng apa urung rika pada??
Moga bae ora mudeng, tambah gemblung sih iya ndean. Sukur lah ben koe pada ana batire.
Wis lah kesel tangane ngetik bae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar